Nekseni godong gulung-gemulung kena semribite angin pancen lewih nyenengke ati tinimbang weruh lemah abang gersang. Semana uga weruh banyu mili ning kali lewih nyenengke tinimbang banjir utawa rob. Godong sing ijo utawa banyu bening dadi tanda nek sing dipengini alam kuwe becik. Lan menungsa wis ditakdirna seneng karo barang sing becik-becik.
Senadyan kaya kuwe, menungsa uga nduweni perkara sing ala. Nek diitung barang ala sing diduweni menungsa malah ora lumrah akehe. Mulane, sanadyan seneng karo barang-barag sing becik, menungsa sering kejontrong nglakoni barang sing ala. Wektu padlikur jam sedina malah kadang dientekna nggo nglakoni barang ala. Ya ala pikiran, ala omongan, uga ala lakone.
Wong lanang wadon sing urung jodonan ambung-ambungan bisa diarani ora becik. Ambung-ambungan kuwe, sanadyan sering dianggep dadi ekspresi bungah, bisa mbangkitna birahi. Apa maning angger ambung-ambungan dilakoni nang ngarep wong akeh lan direkam pirang-pirang kamera, bakal gawe fitnah. Mulane perkara dedemenan kaya ambung-ambungan diatur dening agama, moral, lan sosial.
Para priyayi ngelmu, sing ketelah gelar profesor, mbedakne barang becik lan ala sekang pirang-prang cara. Sepisan, ana kebecikan perspektif, sing manut sekang ngendi wong gole ndeleng. Barang siji bisa diarani becik uga bisa diarani ala angger gole ndeleng sekang panggonan beda. Lelakone anggota DPR sing seneng mbolos nyambut gawe contone, bisa ketelah apik uga bisa ketelah ala. Diomong apik merga dilakoni wong siang dianggep pinter lan duweni pikiran waras. Nanging kelakuan kuwe uga bisa diomong ala sebab nandakna nek wong-wong pinter kuwe ora bisa ngemban amanah nyambut gawe kanggo rakyate.
Dana aspirasi jere diperlukna nggo nyepetna pembangunan ning daerah sing esih ketinggalan. Salah siji parte mbelani supaya dana aspirasi gegen dicarine, saben anggota DPR jumlahe nganti limolas milyar. Kanggo parte kuwe dana aspirasi bakal ngwenehi manfangat sing ora ketung akehe. Ning jare parte liya, dana limolas milyar bakal marai tatanan duit negara amburadul. Pisane bisa gawe duit negara angel dekontrol metune, ping loro dana aspirasi uga gampang dekorupsi.
Barang becik lan ala uga bisa dideleng sekang manfangate. Perkara iki sering dejenengi pragmatis. Becik angger nggawa manfangat, ning dijenengi ala angger gawe cilaka. Perkara siji bisa gawe wong siji bungah ningen bisa gawe liyane cilaka. Mulane lumrah, nang tivi-tivi akeh wong padu merga mbelani kepentingane dhewek-dhewek. Wis dadi sipate wong, bungah angger bathi ning gersula angger sewektu-wektu rugi.
Liyane barang loro kuwe, becik lan alane perkara uga bisa diedeleng sekang aturan sing ana nang masyarakat. Desa mawa cara negara mawa tata. Wong sing apik biasane ngerti aturan lan bisa nglakoni, ora mung apal. Merga menungsa urip bebrayan, aturan diperlukna supaya wong siji ora gawe sengsara wong liyane. Nanging salahe, aturan sering diakali salah siji wong kanggo golet untung dhewek.
Nang Purwokerto, salah siji kota nang Jawa Tengah sisih kulon, ndisit ana randa tuwa sing diukum merga nutur kakao telu cacahe. Merga ana aturan sapa bae sing nyolong kudu diukum, randa kuwe divonis siji setengah wulan kanthi masa percobaaan patang sasi. Akeh wong pada gumun, aturan kadang-kadang didadekna alat nggo nindas wong cilik uga nggo nguwatna penguasa. Mulane, hakim sing macakna vonis nggo mbah sing disangka nyolong kuwe nganti nangis sangkin ora tega.
Rumangsa
Kahanan jaman sering gawe perkara becik lan ala angel dibedakna. Sing becik katon ala sing ala bisa digawe katon becik. Saiki akeh barang sing diwolak-walik fungsine. Wong sing nduwe kuasa sering ora eling perkara endi sing kudu dilakoni lan perkara ndi sing kudu diilari. Prinsip sing penting bathi marai wong kepengin dadi kondhang gawe kebecikan. Nek ana barang becik sregep ngakoni ning ora gelem rumangsa nek gawe wong liya sengsara.
Nalika arep pemilu, akeh wong pada ngaku nek surplus beras berkat jasane dheweke. Sing presiden, sing wakil presiden, uga sing menteri pada rebutan supaya diakoni paling duwe jasa. Kabeh-kabeh pada kelalen karo jasane petani sing ikhlas panasan nang sawah ndina-ndina suwene. Mulane, kadang angel mbedakna barang sing bener lan endi sing apus-apusan.
Kahanane bedha nalika akeh gas elpiji njebluk. Wis akeh banget nyawa sing ilang ning ora ana sing ngaku keliru. Presiden, wakil presiden, nganti perusahaan sing ndistribusikna gas kaya pada umpetan ora rumangsa. Kabeh wegah dicatet apa maning dijaluki tanggung jawab. Wong-wong sing due kuasa kuwe ora kepengin jenenge kecoreng mulane pada kesusu ‘ngumbah tangan’.
Sikap ora sportif kuwe nandakna yen menungsa senenga ketitik becik. Rasa bungah yen nampa pengalem merga pahalane nggawa maslahat kanggo wong akeh. Mulane, ning sejeronging masyarakat akeh wong pada ngaku due jasa. Ana kepala desa ngaku bisa ngaspal dalan, ana bupati ngaku gawe brug, semana uga ana presiden sing ngaku bisa ndadekna masyarakat swasembada beras. Calob bupati masang iklan nang pinggir dalan, gagah nulis yen dheweke bakal nyejahterakna rakyat. Asline kuwi mung apus-apusan kanggo nutupi alane dhweke. Pengin ketitik becik ning ora bisa rumangsa.
Surahmat
Pegiat Komunitas Nawaksara nang Banjarnegara
Saturday, 16 October 2010
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment